Sugeng Tindhak, Ki Seno Nugroho

 Ya pancen bener. Ilmu kuwi pancen angel tinemu, angel ditemu. Sapa sing ngerti nasibe wong, sapa ngerti yen manungsa kuwi bisa migunani marang sak pepadhane lumantar cara kang ora lumrah. 

Selawase urip, aku kerep sinau cara ngomong Jawa sing luwih pener, luwih paripurna supaya rasa Jawaku ora ilang. Saiki pancen luwih gampang sinau merga ana lumantar sing dadekake kekarepan wong kanggo sinau luwih bisa klakon.

Kok ya cocok banget, lagi gandrung marang basa Jawa lan kabudayan Jawaku saya gedhe nalika nyambut gawe ing adoh paran saka Surabaya. Saben bengi, tontonanku ora adoh saka komedi, filsafat, utawa maca komik. Nanging sak gedhagan iki, kadingaren pengenku kok nonton wayang. Mbokmenawa bisa ngobati kangen bebasan Jawa. Dadi aku golek-golek ing Youtube, wayang Werkudara. Sing jedhul, video sing judule, "Petruk Ngaku Werkudara". Jian kaget, apa ya ana lakon kaya mengkono, pikirku nalika semana. Ndilalah pancen kuwi perangane lakon wayang sing digawe Ki Seno Nugroho. 

Iki tulisan dudu kanggo nyebut sapa kuwi Ki Seno, nanging sepira gedhe thukule katresnanku sing suwe kependhem merga nonton lakon ki Seno ing Youtube. Ya pancen carane pak Seno kuwi ora lumrah: gawe,-gawe lakon sekarepe dhewe: kaya Bagong Takon Bapa; merga bingung sangkan parane, Bagong njur takon marang Kadewatan. Ndilalah Katrangan saka Bathara Guru ora bisa digugu, ora mathuk karo atine Bagong. Kadewatan geger. Bagong dadi sakti.

Blakasutha wae, aku ora cocok karo cerita punakawan. Nanging, cara Ki Seno sing sembrono, dhagelan lan kepenak gonta-ganti swara, dadi kepincut lan gawe seneng. Saiki luwih ngerti kenapa Punakawan kuwi ana, sapa wae Punakawan, lan bedhane cerita Mahabharata ing Nusantara karo India. 

Sakdawane lakon sing dilakokke pak Seno, Dewa Ruci klebu lakon favoritku, merga cerita kuwi pancen gawe tentrem, sakral lan gathuk karo caraku nembung Gusti Ingkang Maha Agung. Saka panjenengane, dadi ngerti samubarang perkara bebasan Jawa. Tumrap aku, para dhalang kuwi wigati banget bhaktine minangka juru kawruh, utamane sing lakone wes tau daksawang: Almarhum Ki Enthus Susmono, Mantep Sudarsono, Anom Suroto. Kabeh duwe ciri getheke dhewe-dhewe. 

Ya pancen, akeh dhalang kang ora tau daksawang lakone, nanging perangane pafa dhalang Wayang Purwa kang wes tak sebut kuwi, tumrap aku ya pancen kaya guru. Akeh cara bebasan sing durung aku ngerti, ning merga gathek marang pangandhikan panjenengane, caraku bebasan luwih wangun tinimbang biyen. 

Nganthi semrene, jroning atiku isih sedhih babagan ki Seno wes bali marang kersaning Gusti Kang Maha Agung.Pancen wingi, Sedhane ki Seno ora nyana gawe bingung lan sedhih.  Aku dhewe uga ora percaya, nanging kaya sing wes daklakoni sakdurunge, lila marang jalane urip; ana wancine dhewe-dhewe. 


Sugeng tindhak, Ki Seno Nugroho. Salam taklim kula konjuk. 

Comments

Popular Posts