Wanara lan manungsa

Persasat kaya jumbuh 

Marang apa ingkang dak gayuh

Suruping surya, piyaking mega ing angkasa

Pacoban tan sudha, kaya dene sang Kala


Mula, kawuningana apa dharmanira

Para titah ingkang urip ing alam dunya

Kang netepi lelakon kang wus ginaris dening Gusti

Migunani, ngajeni, lan pada ngaturke puja sesanti


Nanging kosok balene 

Kang kedaden bedha kelawan senyatane

Padha bentak sirah, padha adu karep

Panas dadi adem, benther dados asrep


Wanara kuwi isih wangkal ing siji perkara

Perkara ingkang sejatine ora perlu dadi dawa

Tumrap ingsun kang ora dadi perangane

Tentu kabeh bakal bedha cara tandhangane


Para priyayi ora bisa digugu gunemane

Kaya banyu tumimpang ing godhong senthe

Pageblug durung rampung, wes jejothakan

Mongko kuwi isih perkara kang durung winasthan


Bumi kang ora ngelilani, sayekti bakal duka

Langit kang ora mangestuni, tentu bakal murka

Apa kaya mengkene, nasib ingsun, gusti kula

Urip ing jaman kebak sengsara lan angkara

Comments

Popular Posts