Jagad Jugrug

"Bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap
Katon lir kincanging risang mawéh gandrung
Sabarang katulu wukir moyag-mayig
Saking tyas baliwur"

Aja pangling, mergane suluk kuwi pancen cocok kanggo njabarake apa kang kedaden ana ing dunya saiki. Dunya lagi morat-marit, goro ora karuan. Sapa sing bisa ngira, yen pageblug kang aran Covid-19, utawa virus Corona kuwi bisa gawe geger wong sak dunya. Kaya ingkang dikandhakake dening Dhalang sepuh, Ki Mantep Sudarsono, yen penyakit kuwi ora bedha kaya dene watuk, nggreges utawa pilek. Ora usah geger banget, pokoke awak kuwi kudu dijaga, ngombe wedhang.

 Apa kudu luwih akeh sing mati supaya wong-wong kuwi dadi manunggal rasa lan karsane ? Yen saya akeh sing mati, mengko sing diluputke malah pemerintah. Yen rumangsane bisa nandhangi dhewe, sak ora-orane kudu jaga awake dhewe, nanging iki ora babar blas. Masker kuwi perlu, supaya awakmu ora kena penyakit.

Yen disawang, wong-wong dadi padha wedhi. Lara watuk sitik diunekke Covid, nulungi wong dianggep kena Covid. Yen arep ditilik, pancen sebabe cara nulare penyakit kuwi  ora bedha klawan watuk pilek biasa. Nanging, aja banjur ngremehke tur wangkal yen dikandhani, sebabe wong kang duwe penyakit gawat bisa dadi saya gawat penyakite, luwih-luwih kelangan nyawa. 

Ana sing kandha yen Corona kuwi penyakit gawenan saka ilmuwan manca, konspirasi wong-wong sing ora demen muslim jaya. Mongko, cetha utawa orane warta kuwi durung bisa dibuktekke. Luwih lucu maneh, ana sing ora percaya marang Corona; dianggep yen Corona kuwi ora ana. Negara Cina dadi disalah-salahke, saya gedhe rasa benci marang wong Cina. Yen caraku, Cina pancen luput lan ora jujur, nanging aja terus diluputke. Ayo bebarengan padha njaga awak, dhulur lan tangga supaya ora ana sing nyawane ilang sia-sia. 

Sing gawe saya bingung, pikire wong-wong babakan Corona kuwi kadangkala ora pener. Ning media sosial kancaku sing dadi dokter enom ing rumah sakit padha sambat, padha gumun kabeh; kenapa wong-wong kuwi kok ora nyawang lan ora mikir, yen korban nyawa kuwi saben dina saya akeh, saya ngebak-ngebaki, saya ngrepoti. Ora kaget yen dokter sing kewajibane nambani wong lara dadi melu lara, mergane ora ana waktu kanggo ngaso utawa mandheg, jalaran pasien saya nambah, saya akeh. 

Pancen kahanan kaya ngene iki dadi bukti yen rasa kamanungsan pancen wes rusak. Dudu perkara pageblug sing mateni, nanging watake manungsa sing nggugu karepe dhewe, sing kepanjingan iblis kuwi bakal dadi merganing pati. Bandha lan prabeya ingkang digawe nulungi, dijupuk ning kantonge dewe. Lelakon kaya ngono ya ora bisa diselak, sebabe wong sing atine elek, ing kahanan apa wae pasti bakal tetep ala. 


Comments

Popular Posts