Guneman gumun

Dhawuhe para sepuh, yen kowe wes ngupayakake samubarang perkara, pasrahke wae hasile marang Gusti. Tegese, ora ndadhak keblinger karo barang sing durung katon, durung pasti hasile kepiye, mergane ya mung gawe gelo, kuciwa, mbalela. Nanging aja nganthi lali, yen kowe kudu usaha. Tanpa usaha, tangeh lamun apa sing dikarepake bakal kelakon. Wong ya wong Jawa ki, sejatine kudu pasrah, nanging aja kebacut pasrah. Kaya dene wes pasti mati, yawes ora usah suwe-suwe urip. Aja nganthi, sikap kaya mengkono gawe awakdewe fatalistik, nerima tanpa ngupaya. 

Kaya ora pangling, pancen manungsa kuwi panggone luput, salah lan seleh. Kang aran manungsa kuwi uga duweni wates, saka jiwa lan ragane uga ora tansah bisa saklawase kasembadhan. Aja kegila-gila banget yen apa sing kolakoni kuwi jebul gagar wigar, mergane hasil kuwi ora bisa ditentukke sakwutuhe. Dudu merga kowe piye-piye, nanging elinga yen kakehan mikir kuwi bisa dadi jalaran lara, gawe sengsara awake dhewe. Sing bener, pancen nyepakke wayah kanggo ngaso, supaya ora njur stress. Ora kabeh keluputan, kegagalan kuwi saka lelakon sing dilakoni, nanging ana sebab liyane. Upama ana pageblug, ora sida rabi, ya ora usah kuciwa kanthi banget. Ragad wes entek, waktu wes mbok cepakke. Aja nganthi sedhih banget. Ngono ya ngono, ning aja ngono. 

Kadangkala, pancen yen kekarepan ora kelakon, wong waras bisa dadi edan, wong edan saya edan. Mergane pikiran manungsa mau wes keliwat dhuwur, mongko ora nggagas yen masalah kuwi bisa teka kapan wae, lan warna-warna wewujudane. Mulane, aku pribadi ora tau ngarep sing piye-piye, lan aku ora tau sedhih banget, sebabe kabeh kahanan wes dakpikir luwih dhisik, piye yen gagal, piye yen kelakon. Aku ora kandha yen caraku kuwi paling becik lan bisa ditampa dening manungsa liyane, nanging kadangkala awakdewe kudu mikir sing luwih jembar lan adoh, supaya ora cupet pilihan kang bakal dilakoni mengko. 

Waton awakku ora kesiksa lahir bathin, ora masalah. Pancen cara urip manungsa kuwi warna-warna, ora bisa dipadhakke siji marang liyane. Sebabe, lakon kang utama ing uripku, ya aku dewe. Mula kang saka kuwi, aku kudu jaga kewarasanku, embuh piye carane. Kahanan kaya ngene iki, ora bakal saklawase. Muga apa sing wes dak tulis iki, bisa dadi pamecut tumrap aku, dadi jalaran semangat uripku. 

Comments

Popular Posts