Dewa Ruci

   Banjur ngalahke sang Naga, jiwa lan raga Werkudara kang ora nduweni daya, dumadakan dadi rosa. Ing tengah pulo tengah segara kuwi, kagiat sang Werkudara. Ana bocah mambang ing antariksa. Pasuryane ora beda karo dheweke. Persasad, bocah bajang kuwi wewujudane Werkudara. Sapa sing ora gumun, nemoni bocah bajang eneng panggon kang kaya mengkene ?

   "Sapa kowe, bocah bajang ? Kenapa kowe manggon ning papan ingkang kaya mengkene ? Kowe kuwi manungsa, apa kowe bangsa jin ?. Tur, duwe derajat apa kowe, wani nyebut aku kulup?  Mangka wewujudanmu kaya mengkono". Takon sang Werkudara.  

   "Werkudara, ulun iki dudu bocah, lan ulun dudu bangsa jin. Ingsun jawata, kang wewisik Dewa, utawa Batara Ruci. Wruhanira kulup, yen papan iki dudu panggone wong seneng-seneng. Ana wigati apa, dene kita prapta ana ing tengah segara iki, ngger?". 

   Ora nyana babar pisan, bocah kuwi Dewa kang mudhun ing madyapada. Pangandhikane dewa Ruci gawe gumun ing bathine Sang Bima. Ora ana dewa kang wewujudane kaya bocah kejaba Sang Hyang Wenang. 

   "Yen pancen kowe dewa, mestine ngerti apa sing ana ing jero bathinku. Kang aran dewa kuwi, ngerti sadurunge winarah, lan bisa maca mubah musiking atine titah. Tuduhna bukti yen pancen kowe kuwi dewa", ujare Werkudara.

   "Kita didhawuhi guru kita, ya Begawan Durna, kinen ngulari Tirta Pawitra Mahaning Suci, kang dumunung ing telenging samudra. Sadurunge kita manggon ing tengah pulo iki, kita gelut karo naga kang aran Kiai Nemburnawa. Iya kaya mengkono ora ?"

   Kagyat bathine sang Werkudara. Rasa cubriyane saya sirna.
"Waaah, bener. Sepisan eneh, kowe kudu bisa mbabarke sapa wae sing nurunke aku, lan sapa wae kadhangku!", ujare Werkudara. Dudu perkara nantang kawaskitaning Dewa Ruci, nanging dheweke kudu mesthekke yen dewa kuwi dewa ingkang sejati.

   "Kita kuwi anak dewi Kunti lan Prabu Pandu. Saka pitulungane jawata, Prabu Pandu lan garwane bisa duweni keturunan, yaiku Puntadewa kang mbarep, jeneng kita, nuli Arjuna. Sabanjure, kita duwe dhulur kembar, Nakula-Sadewa, kang mijil saka Dewi Madrim. Wong tuwa kita, Pandu anak Abiyasa, Abiyasa anak Palasara, Palasara anak Sakri, Sakri anak Sakutrem, Sakutrem anak Manumayasa. Manumayasa kuwi putrane Parikenan, Parikenan putrane Brahmani. Brahmani putrane Batara Brahma, ya putrane Batara Guru. Bapak kita sejati, yaiku Bayu, ya sang Hotipati", ujare Dewa Ruci

   Saya mantheb atine sang Sena, yen Dewa ing ngarepe kuwi pancen Dewane ingkang sejati.

"Waaah, cetha pancen kowe kuwi dewa. Sadurunge Pukulun, aku ngaturke bektiku marang Dewa Ruci.  Saiki aku nyuwun katrangan saka kowe, apa sing diarani Tirta Pawitra kuwi"

"Tirta Pawitra kuwi banyu panguripan, kang bisa ditampa dening titah sing atine wening lan resik. Kahanan atine wong kang resik lan suci kuwi, ora beda kelawan banyu kang nguripi, kang nyucekake ati.

Banjur nampa pangandhikane Dewa Ruci, senalika Werkudara banjur ndhodok lan manembah, minangka tandha yen Werkudara pancen wis manteb nglakoni ngelmu luhur. Pancen wiwit lahir nganthi dewasa, Werkudara ora bisa lungguh lan manembah, ngendhek marang wong liya. Marang Batara Guru, dewaning Dewa wae ora banjur ndhodok. Nanging, apa sing bakal kedaden ing lelakon iki, pancen wis ditetepke karo sing gawe urip. 

   "Apa kang dadi panuwun kita, bakal dijabahi dening ulun"

Mandhi dhawuhe sang Dewa Ruci!  Suku kang jejeg, lathi Werkudara, sing kondhang minangka satria ingkang ora bisa basa, dadi lungguh lan manembah marang Dewa Ruci.

"Waaah. Pukulun, sampun pana ing penggalih, bilih panjenengan menika gusti kula ingkang sejati. Mila, sepisan malih kula ngaturaken bekti kula konjuk  ngarsaning paduka, sesembahan kula"

"Iya, Werkudara, ulun tampa. Pangestu ulun tampanana"

"Kula pundhi anggo jimat paripih, ndayanana ing kasantosan."

Werkudara ing lelakon iki, bisa basa lan manembah. Mergane, ing jero bathine, dheweke ya nerima, yen sejatine dewa kanggo Werkudara, lan uga bisa jumbuh karo watake Werkudara, namung Dewa Ruci.

"Pukulun, estunipun, ingkang jejuluk tirta pawitra mahaning suci punika tasih dereng wening ing penggalihipun Werkudara. Mugi panjenengan kepareng amedharaken napa ingkang wonten ing bathos kula, pukulun", ujare Werkudara

"Iya Werkudara, ya mung ulun kang bisa madhangake  sarta nuduhake apa kang dadi pepetheng ing batin kita. Apa kang kita upaya, tirta pawitra mahaning suci, utawa tirta panguripan bisa ditampa lamun sira tansah ngeresiki budhi lan pakarti, manembah marang Gusti Ingkang Akarya Jagad".

"Inggih Pukulun", 

"Para sepuh tau ngujarake, 'Aja memangan yen durung weruh rasane kang dipangan. Aja lelungan yen durung prenah papane kang dituju'. Ya mung manungsa ingkang tansah naliti lan ngresiki batin lan pikire kang bisa nemoni gustine"

"Semana uga, kaya dene apa kang sira lakoni dina samengko. Kekarepan sira Werkudara pancen becik, nanging tanpa wewaton. Ya bener, kita nuruti dhawuhe guru kita, Panembahan Durna, nanging apa kang disebut netepi dharma lan ngabekti kuwi ya akeh saranane. Kang aran murid kudu duwe panemu dewe. Guru, kang digugu lan ditiru, namung menehi contho utawa dalan kang becik. Bisa-bisa, malah ora kelakon.

"Lajeng, kangge cara menapa supados gegayuhan kula saged kelampah?", takonane Werkudara.

"Supaya luwih cetha, manjinga ing talingan ulun ingkang sisih kiwa iki, kulup"

"Badhan kula ingkang ageng niki, napa saged kelampahan manjing ing talingan paduka ?". Werkudara bingung. Apa bakal kelakon, manungsa kang gedhene semene bisa mlebu ing panggon sing luwih cilik kaya mengkono?

"Ulun iki wis mangku jagad. Jagad saisine kawengku dening ulun. Manjinga ngger, supaya enggal padhang apa kang sira upaya!"

Awake Werkudara, sanalika dadi cilik. Saya cilik, saya cilik. Kaya toh lebur badan wadag, diganti badan alus. Kaya bisa mambang ing dirgantara, nanging saluwihe manungsa utawa dewa. Werkudara manjing jroning jagad raya. Ora kerasa babar pisan, jroning talingane dewa Ruci, ana cahya kang endah.

"Pukulun, ing paningal wonten cahya, sekawan cacahipun. Werninipun abrit, pethak, cemeng ugi jenar"

"Cahya papat kuwi kang dadi pepalangira, Sena. Abang kuwi angkara murka, ireng dadi wewujudaning nafsu, lan kuning ngawujudake rasa jirih, seneng-seneng, dhahar lan ngunjuk. Kang warna putih mujudake resiking budhi, ati kang wening. Ya warna putih kuwi kang senyatane kudu diolah, nanging aja diutamakke, mergane kaping papat mau kudu dijaga, supaya kahanan ing Ati kang tentrem, bisa adoh saka pepalanging nafsu. "

"Inggih"

"Nanging, titah ora bisa nyirnakke patang cahya mau, mergane kuwi pancen digariske Gusti Ingkang Agung, supaya titah bisa ngolah patang perkara mau. Sapa sing bisa ngluluhke hawa nafsu, sayektine luwih bisa cedak marang warna putih kuwi.

"Lajeng, madyaning jagad wonten tigan pethak, ageng. Upamia saged pukulun Ruci paring pangandhikan babagan tigan punika", takon sang Werkudara.

"Kabeh kang ana ning jagad kuwi dumadi saka tigan putih kuwi. Sejatine, tigan kuwi ana, yen ora ana. Ora duwe jejuluk utawa aran, nanging kabeh kang urip kang duwe rasa, bakal ngerti yen sejatine tigan kuwi ruh utawa sukma kang sejati"

"Napa tigan punika gusti ingkang sejati ?"

" Sejatine gusti kuwi tan kinaya ngapa, uga tan kena kinira. Wewujudan kuwi cara panca indramu nampa wewujudan gusti ingkang sejati. Kaya wewujudan ulun iki, sejatine amung angan-anganira, supaya bisa nampa piwulang luhur kang wis ginaris saka gusti. Badhan kita ya amung wewujudan kang ana ing alam padhang.

"Lajeng napa kang kedah dilampahi kalih titah ingkang gesang wonten ing dunya, pukulun ?"

"Titah ingkang urip, lumrahe lair saka paringane bapa lan ibune. Ibu maringi ingkang alus, getih, sumsum, lan jantung, bapa maringi otot, balung kulit lan daging. Kabeh wolu mau kang dadi cirine titah ingkang gumelar ana ing alam dunya. Ingkang pungkasan, gusti maringi siji, yaiku sukma. Sesuk yen wes wancine, kita bakal bali marang wewujudan kita ingkang sejati, ya kuwi sukma. Iku kang aran sangkan paraning dumadi"

"matur sembah nuwun tanpa pepindhan, pukulun"

"Kabeh mau, piwulang kang ulun darbei, ya kuwi Tirta Pawitra Mahaning Suci"

"Napa saged bilih kula manggen wonten ing papan mriki, pukulun ? Kula sampun remen, mergi kula sampun kebak tentrem lan ayem. Kula mboten badhe wangsul"

"Ora bisa, Kulup. Merga, kaya toh sira namung nrima tanpa netepi dharma ingkang durung kelakon. Sesuk, yen wes tekan wancine. Mara gage, metua saka guwa garba ulun, lan babarke apa kang dadi piwulang ulun marang guru kita!"

Persasat, ragane Werkudara kaya saya gedhe, saya gedhe. Ora kerasa, sang Bima, wes bali ing segara. Ora ana wujude Dewa Ruci. Mergane, Dewa Ruci wes manunggal ing ragane sang Bratasena.


Comments

Popular Posts