Digugu lan Ditiru

Para sepuh kuwi pancen dununging kawruh lan kawicaksanan. Sapa ingkang duweni gegayuhan, utawa duwe kekarepan kang becik, kudu luwih dhisik kaluk katrangan saka wong sing luwih tuwa. Apa toh sebabe kudu gawe sarana ingkang kaya mengkono ? Dasare gur sepele; merga dheweke (wong tuwa) kuwi wes tau ngrasakke kecut, pait, legi lan asine urip eneng dunya. Dheweke uga tau nduweni luput, nglakoni sing salah lan sakpenere dhewe. Wes dadi kewajibane para taruna, bocah enom gawe sinau, njembarake pikir lan batin saka wong kang nduweni sandhangan "sepuh". 

Yen disawang, pancen rada abot ngawiwiti lan ngupaya kaya mengkono. Jalarane saka rerungon kurang becik yen wong tuwa kuwi ora iso guyub, keliwat zamane, lsp. Mangka, nyaketi wong tuwa kuwi ora ana rugine. Pitungan rugi-bathine bakal dadi gawat yen wong tuwa kuwi agal, utawa jahat. Mula, sing kudu digathekke saka pangandhikane wong tuwa kuwi namung carane nglakoni lelakon. "aja kaya aku", "dhek biyen bapak/mbah/pakdhe tau nglakoni kaya mengkene, kowe aja nganthi", lsp. Contho, utawa tuladha ingkang kaya mengkono kuwi kudu dadi sarana mbudidaya awakdhewe, supaya urip bisa luwih ngati-ati, adoh saka rubeda. Yen awakdhewe ora gathek, bisa-bisa dijlomprongke eneng jurang kasangsaran. 


Akon wong dadi guru kuwi ora gampang. Durung mesti uga, wong mau gelem diakon guru. Mula, nyaketi bakal guru kuwi kudu dicedhaki uga atine. Bakale luwih elok yen wong sepuh mau pancen ngemban tanggung jawab minangka dadi guru. Sadurunge arep ngelakoni olah utawa golek ilmu, awakdhewe kudu ngerti apa toh guru kuwi. Sing disebut guru kuwi mengko ono perangan loro, yaiku guru kawruh lan gurune kauripan. Saranane ora kudu saka guru kang resmi profesine, nanging duwe syarat dasar, yaiku bisa digugu lan bisa ditiru. Digugu tegese bisa dituruti kawruh lan piwulange, sarta kelakuane. Ditiru kuwi tegese bisa didadekke sesembahan, dicontho kelakuan lan pambegane. Mula, ngemban tanggung jawab minangka guru kuwi abot, ora bisa dilakoni sadengah manungsa. 

Kabeh bisa dadi guru tumrap liyane, nanging guru ingkang tansah njunjung ciri "digugu lan ditiru" kuwi, mung bisa dilakoni wong kang tansah meguru lan ngolah ilmu. Arang-arang uga manungsa kang nduweni, utawa gelem nglakoni olah kawruh lan kawicaksanaan. Padha karo guru ingkang sejati, ngelmu kuwi ya duwe pangerten liya, yaiku angele yen ditemu. Ilmu kang linuwih, utawa ilmu kautaman, kuwi ya ora bisa angger ditemoni. Yen wes ketemu, aja banjur digugu, merga ilmu kang migunani tur nguripi manungsa pancen arang-arang, langka. 

Luwih gampang yen golek ilmu saka sekolahan, padepokan, panggon kursus. Nyatane, sinau kuwi ora kudu saka papan ingkang kaya mengkono, nanging saka ngendhi lan sapa wae. Wekasan, awakdhewe kudu nentukke dalan, bakal digawa menyang endhi ilmu kuwi. Yen mengko ilmu kuwi gur digawe 'mung nduweni,' ilmu kuwi ora bakal migunani. Liyane maneh, wong kang ngelmu mung digawe golek gelar, utawa ijazah. Leren wektu sekolahe, ya leren uga sinaune. Urip manungsa kuwi bakal digawe golek duit lan bandha dunya. Mangka, kabeh manungsa kuwi nduweni kewajiban gawe ngelmu wiwit bocah nganti tekaning pati. Sia-sia rasane yen elmu kuwi ora dilanjut nganthi tuwa, mergane kawruh kuwi isih bisa ngurang, umur bakale nambah. Luwih prayoga upama ngolah ilmu kuwi dibarengi karo nglakoni dharmane wong urip: nglakoni kang becik lan utama ing alam dunya.

Cukup semene wacana ingkang bisa dakbabarke, muga migunani lan uga bisa madhangake pikire para manungsa Jawa ingkang maca tulisan iki, utamane babakan golek ilmu saka guru kang bisa digugu lan ditiru. 

Comments

Popular Posts