Kawruh ingkang linuwih

Nalika semana, aku lagi wae jagongan, ngopi. Wayah wengi kaya mengkene, biasane bocah-bocah ing kos-kosanku lagi padha turu. Mulane luwih wangun yen aku methu golek kopi. Bener wae, warung langgananku lagi wae diisi wong-wong sepuh sing cara gunemane, lan asal-usule padha karo aku; wong jawa sing dadi perantau eneng Jakarta. Sing dak ajak guneman ana loro, ya kuwi sing duwe warung, karo tukang sampah. Dudu aku arep ngina utawa kepriye, nanging sapa wae bisa dadi kanca guneman sing kepenak tanpa nyawang derajat lan pangkat. Aku wong sing luwih berpendidikan tinimbang panjenengane, nanging babakan kawruh urip, wong-wong kuwi luwih ngerti tinimbang aku. 

Sing nduweni warung, arane pak Slamet. Panjenengane saka Temanggung. Dadi perantau wiwit bocah nganti duwe anak bojo eneng Jakarta. Liyane, aku ora wani nakoni jenenge, nanging sing tak ngerteni, panjenengane saka Indramayu, padha karo bapakku. Mulane, cara gunemane, saka dialeke wes keciri yen wong iki saka daerah kulon. Kaya adat sabene, awakdewe pesen kopi ireng, njur dibarengi ngudud. Rampung nyepakke ombenan, pak Slamet nyetel wayang saka Youtube. Timbang ora ana sing guneman, mula aku cerita karo bapak-bapak ing sandhingku. Ben luwih wangun, sabanjure cerita iki, wong iki dak arani si Mbah.

"Kula niki remen wayang, pak. Utamane lakon sing radhi-radhi nyenggol perkara kawruh inggil, kados Dewa Ruci niku". " Ngantos dumugi semriki, kula tasih bingung, kirang cetha babakan kados mekaten. Ning, dinapa-napakke, kula ugi tasih penasaran. Mila, kula tasih kerep ugi sharing-sharing, cerita marang tiyang ingkang sepuh ingkang nggadahi kawruh babakan pawayangan", ujarku marang bapak-bapak ing sebelahku. 

"Oh Dewa Ruci, sing raden Werkudara ketemu gustine ning tengah laut", ujare si Mbah. Aku njur manthuk.

"Iku lakon abot, lakon tingkat tinggi. Lakon spiritual tekang gubahane Kalijaga, wayah manjinge agama Islam ning nusantara, dadi digawe sarana nggo dakwah," "bener, ora sembarangan wong iku bisa ngerti atau ketemu marang gustine. Tapi, ana maning mas, mungkin sampeyan nggak tahu".

Aku nggumun, apa ya ana lakon sing abote kaya mengkono ?

"lakon napa, pak ? Boten ngertos", jareku.

"ngerti toh ? Istilah sastrajendra hayuningrat, pangruwating driyu ?", "iku lakon liyane maning. Luwih abot", ujare si Mbah.

"kula namung mireng mawon istilah niku, ning dereng nate ningali lakon napa", "napa enten pak?"

Si Mbah neruske ngudud, njur ngunjuk kopine. "dulu bapaknya Rahwana, sebelum Rahwana lahir diminta ngelamar gadis sama anaknya. Ya masa umum, wong anake kuwi wong duwe, ibarate kesatriya. Syarat bisa ngelamar si dewi Kekesih kuwi, kudu bisa ngajarna ilmu sing duwur, luwih duwur timbang ilmune dewa. Bahkan, aja sampe dewa kuwi ngerti", ujare si Mbah. 

"yen dewa wae ora ngerti, terus carane kepriye toh mbah ?", takonane pak Slamet. 

"nggih, pripun terus mbah?", takonku.

"ya carane kaya ngono kuwi. Ilmune kudu cara sesingitan, ngumpet-ngumpet. Tapi ya begitu, cuma dua orang. Yang dikasih tahu ya gur bapane si dewi Kekesih", ujare si Mbah. 

"Sastrajendra hayuningrat, pangruwating driyu, kuwi artine ilmu luhur pangruwat raksasa, sifat sing blesak (elek), tapi gak lantas bisa diartekna kaya ngono tok, bisa dipisah-pisah. Sastra dhewek, jendra dhewek sastrajendra dhewek, sapiturute lah. Coba sampeyan cari sendiri, mungkin bisa tahu. Tapi, eling ya mas, iku dudu ilmu sembarangan. Ceritane, merga si Wisrawa iki sembarangan, akhire dampake ya kaya kuwi. Anake loro dadi Butha, Rahwana karo Kumbakarna. Ya padha sakti kabeh, duweni ilmu segala macem, tapi tetep kena sifat raksasa sing durung keruwat".

Si Mbah njur pamit, arep nerusne nyambut damel. Aku sing krungu cerita kaya mengkono, dadi gumun. Dadi kelingan, tau gawe tulisan perkara wong sing duweni kawruh babakan kabeh perkara jagad, nanging ora tak rampungke, mergane aku durung ngerti lelakon apa sing bakal disandhang karo wong kaya mengkono. 

Apa bener, ngerteni kabeh perkara iku ana pengapesan sing nyilakani ? Resi Wisrawa wae bisa duwe anak Butha.Ora kaget yen ana murid utawa wong pendidikan sing kelakuane ala sarta adoh saka angger-anggering kautaman, bakal gawe wirang gurune. Sapa sing nduweni kawruh kuwi ya kudu tanggung jawab perkara ilmune, uga tanggung jawab yen upama muride ngelakoni lelakon sing jahat utawa nyilakani pepadhane.  Ilmu sing unggule ngungkuli para jawata kuwi, yen miturut cerita jagad pewayangan, ya pasti dudu ilmu baen-baen. Ora bisa ditampa dening manungsa kang uripe grusa-grusu. 

(lelakon iki kedaden tahun 2019, nanging lagi wae dak utak-atik sepirang wulan iki)

Comments

Popular Posts